JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato perpisahan kelas 6 Bahasa Jawa berikut ini dapat dijadikan sebagai referensi oleh siswa. Pidato dalam Bahasa Jawa disebut dengan sesorah.
Sama seperti Bahasa Indonesia, pidato Bahasa Jawa juga tersusun dari beberapa struktur, seperti purwaka basa (Pembuka), surasa basa (Isi), dan wasana basa (Penutup).

Baca Juga
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 yang Mengharukan: Bikin Guru dan Teman Terharu!
Melansir berbagai sumber, berikut contoh pidato perpisahan kelas 6 Bahasa Jawa yang dapat dijadikan sebagai referensi.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa
1. Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng Bapak/Ibu kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha Bapak Ibu siswa ingkang kula hormati.

Baca Juga
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Pengajian, Bisa Jadi Referensi
Semono uga kanca-kanca lan kanca-kanca kelas sing tak tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung awit saking pangayomanipun ing enjing menika kita saged makempal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken acara perpisahan.

Baca Juga
3 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tempat Wisata, Lengkap dengan Terjemahannya
Ing mriki kula minangka wakil saking rencang-rencang kelas 6, ngaturaken agunging panuwun awit saking kersane Bapak kepala sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak Ibu guru rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.
Mliginipun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak kepala sekolah saha para guru ingkang sampun nggulawenthah kirang langkung enem taun.
Wonten ing kalodhangan menika kula nyuwun pangapunten menawi wonten ing nem tahun kapengker kula saha rencang-rencang kathah tumindakipun, utawi tembung-tembung ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih para guru, pramila ing dinten menika kula nyuwun agunging pangapunten.
Kawula ugi ngaturaken piweling dhumateng adik-adik kelas, mugi-mugi sasampunipun budhal adik-adik tetep sregep lan sregep sinau. Mènèhana conto sing apik saka awaké déwé, lan sing èlèk dibuwang sangka awaké déwé.
Wonten ing kalodhangan menika ugi nyuwun pamit saha nyuwun restu saking Bapak Ibu guru, supados saged nglajengaken dhateng SMP pilihanipun. Janji yen ing SMP bakal sregep sinau kanggo nguri-uri jeneng apik sekolah.
Ingkang pungkasan, mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih Bapak kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha para rawuh sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
2. Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani
Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.
Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.
Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.
3. Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh
Nuwun Bapa utawi Ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan Bapak utawi Ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem Bapak lan Ibu guru sedaya anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.
Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.
Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten, asring kagem Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan Bapak Ibu guru sedaya.
Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
4. Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun, Bapak Kepala Sekolah SD Nusa Bangsa ingkang satuhu kula bekteni. Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Para kanca kelas 6 lan adhi-adhi kelas saking kelas 1 dugi 5 ingkang kula tresnani.
Purwakaning atur, mangga kira sedaya ngaturaken puji lan syukur mugi sedaya katentreman saha karahayon tansah hangayomi kula lan panjenengan sami, awit saking keparengipun Gusti Allah Ingkah Maha Asih.
Kula Joko Saputro minangka wakilipun kanca-kanca kelas 6, keparenga matur ing ngarsa panjenengan sedaya, awit sekedhap malih badhe nilaraken pawiyatan SD Nusa Bangsa menika saperlu nglajengaken wonten SMP.
Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu kanca-kanca ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/ Ibu Guru ingkang sampun paring kaiklasanipun, anggenipun nggulawenthah kula sakanca, saengga ing ujian menapa dene pambiji sanesipun pikantuk asil ingkang maremaken.
Kula minangka wakilipun kelas nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan lan tindak-tanduk kula sakanca ingkang mboten mranani penggalihipun panjenengan sedaya.
Bapak/Ibu guru salebetipun ngangsu kawruh ing sekolahan menika. Kula sakanca tansah nyuwun pangestu supados saged nglajengaken pasinaon ing pawiyatan ingkang luwih Inggil. Salajengipun, panyuwun kula dhumateng adhi-adhi kelas, mugi saged langkung sregep anggenipun sinau lan tansah sarwa becik ing tatakrama.
Pepuntoning atur kula pinangka sulih salira saking Bapak/Ibu guru saha kanca-kanca sekalian, menawi wonten wicara miwah kiranging subasita, kula ngaturaken kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangaksami.
Ing wusana wabilahi taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb
5. Assalammualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah lumintu.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SD Merdeka, Bapak/Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi, rencang-rencang kelas 6, lan adhik kelas 1 dugi 5 ingkang kula tresnani.
Sumangga kula saha panjengan sami ngaturaken puji syukur marang Gusti, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan ing adicara perpisahan menika.
Kula Fauzan Nasrul, minangka wakil saking rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak katah kagem Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi pitedah lan ilmu dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah.
Kula lan rencang-rencang ugi nyuwun donga pangestu. Mugi sasampunipun medal saking pawiyatan Menika kula sakanca dados tiyang kang migunani bangsa lan saged pikantuk sekolah ingkang dipunidam-idamke.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten kagem Bapak/Ibu guru, saking atur solah bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula cekapi semanten pamitan kula, sedaya kıranging atur saha trapsila nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
6. Assalamualaikum Wr.Wb.
Sugeng siyang, salam sejahtera katur dhateng kita sedaya
Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SDN 03 Gili ingkang kinurmatan
Bapak, Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan
Bapak, Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani
Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SDN 03 Gili kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Kula minangka wakil kelas 6 badhe matur, ingkang kapisan kula sarencang kelas 6 ngaturaken panuwun dhateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak saha Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.
Editor: Komaruddin Bagja